FITNAH
Awan
iku hawane panas banget. Pak tani lan bu tani pada leren ing gubuke dewe-dewe.
Yen di delok hawane mengko sore bakal udan deres. Pak tani lan bu tani pada
cepet-cepet metu saka gubuke dewe-dewe lan ngerjakne tugase dewe-dewe. Amarga
yen dituruti nganti iyupe panas maka pak tani lan bu tani ora bakal nyambut
gawe, amerga sakwise panas iki bakal kedadean udan.
Pak
tani : “ buk ayok ngiyup sek panas banter tenan ki” ngendikane pak tani
Bu
tani : “yo pak aku dewe yo panasen ket
mau “ jawab bu tani
Pas lagi penak-penak leren bu
tani ngingeti langit sing kyok e arep udan deres.
Bu
tani : “ pak....pak..koyok e kok arek
udan. Ndang ayok cepet mergawe ngko selak udane njeblok.
Pak
tani : “ o...? iyo bu ndang ayo.”
Suara
azan sampun mireng ing kupinge para pak
tani lan bu tani, iku tandane wis jam 12 awan. Salah sak wijineng pak tani lan
bu tani iku yaiku pasangan garwa Parman
lan Sawitri, para pak tani lan bu tani liane sampun muleh ning omahe dewe-dewe
lan leren ing omah nanging Parman lan Sawitri mileh leren ning gubuk kang cilik
nanging hawane seger banget.
Pancen
bener angen-angene para tani mau yen bakal udan deres. Udan deres kedadean lan terange
suwin banget, bledek nyamber-nyamber ing wit-witan kang duwur. Parman lan
Sawitri bingung lan wedi banget , deweke wedi yen gubuke ambruk utawa di samber
bledek, nangeng deweke sampun ora bisa tumindak napa-napa amarga udan deres mau yo campur karo angin ingkang
gede. Parman lan Sawitri trimo iso pasrah marang takdire kang Maha Kuasa.
Sawitri
:” pie pak iki ngko nak gubuk e ambruk
kok udane gak ndang terang-terang.” Omonge Sawitri
Parman :” wes bu
mugo-mugo udan ndang terang, awake dewe pasrah ae karo sing Kuasa.” Jawabe Parman
Sawitri :” iyo pak
mugo-mugo udane ndang cepet terang.” Tambah Sawitri
Udan deres lan siwi
mau ndadeake sawijining bencana yaiku banjir kang lumayan gede. Salah
sawijining tanggule pak tani kang sawahe ana ing ngisore sawahe parman lan
Sawtri jebol, tanduran pada rusak kabeh. Ana sekitar 8 sawah kang kena dampake
jebole tanggul mau. Wolong sawah mau nduwene wong papat yaikunParto, Jarno,
Paimen, lan senen. Sakwise udan deres mau Parman lan Sawitri mulih lan ngomongi
wong papat mau yen tandurane kebanjiran. Wong papat mau pada kaget, ana sing
nangis lan ana sing semaput.
Parman :” ayo buk awake dewe
ngomongi wong-wong. Awake dewe nko mencar ya, kowe nko ngomongi ngomongi Parto
lan Jarno nko sing 2 tak aku sing ngabari.”
Sawitri :” yo wes pak ngunu yow
malah apik,”
Akhire
wong loro mau pada mencar ngabari won-wong sing sawahe kenek bencana.
Ing desane Parman lan Sawitri mau
ana wong sing gaene nggedek-ngedek ake masalah, jenenge mbok Marni. Ing tahun
wingi ana pasngan garwo kang lagi due masalah , mbok marni nggedek-nggedek ake
masalah mau nganti pasangan mau pisah lan salah sawijining ngendat. Mbok
marnikrungu yen tanggule Jarno jebol lan gawe sawahe Parto, Paimen, lan Senen
rusak. Deweke yo ngerti yen Parman Sawitri ngerti kedadean jebole tanggul mau.
Mbok Marni gage-gage gawe rencana kang bisa gawe Parman lan Sawitri dadi
penyebab jebole tanggul mau. Mbok Marni iku gelo banget karo Parman lan Sawitri
amarga tandurane wong loro kui mesti apik lan asile yo akeh bedo karo tandurane
deweke.
Isuk-isuk mbok Marni sampun ana ing
omahe Jarno. Mbok Marni ngujuk-ngujuki Jarno yen sing njebol tanggule iku mau
Parman. Amarga ing kedadean iku Parman lan Sawitri isih ana ning sawah. Mbok
Marni nuduh yen Parman lan Sawitri iku iri yen ngingeti tandura ne Jarno kang
lemu. Deweke yo ngujuk-ngujuki yen Parman lanSawitri ora pengen enek wong sing
tandurane luwih apik lan asile luwih akeh soko asile Parman lan Sawitri.
Jarno,Parto, lan Senen percaya marang mbok Marni.
Mbok Marni :”jar...jarno kyok e sing
njebolne tanggulmu kuwi Parman.”
Jarno :”la kowe ngerti soko ndi mbok, ojo
angger ngomong kuwi jenenge fitnah.”
Mbok Marni :”soale ndek ingi sing
muleh keri dewe Parman lan Sawitri. Mergo tanduranmu apik ndek e moh nduwe
saingan dadine njebolne tanggul mu ben tanduranmu rusak. Akhire kan sak
iki wonge wes gak nduwe saingan neh.”
Jarno :” opo iyo ya mbok.”
Mbok Marni :”yo mestine “
Sak wise di ujuk-ujuki mau Jarno,
Parto, Paimen, lan Senen moro ning omahe Parman lan Sawitri.
Deweke nesu-nesu lan
nuduh yen Parman sing njebol tanggule. Deweke njaluk ganti rugi ning Parman lan
Sawitri. Parman lan Sawitri bingung amarga di tuduh mau. Jarno terus nesu-nesu
lan nganti arep mbacok Parman, nanging untunge isih di alang-alangi karo Senen.
Soko lawang njudul Painem. Painem ngerti yen Parman ora njebol tanggule. Pas
jebole tanggul mau Painem isih ana ing gubuk. Painem njelaske kedadean kang sak
benere. Painem yaiku wong kang paling jujur ing desane. Sahinggo Jarno, Parto,
Paimen, lan Senen percaya.
Jarno :” man parman metu kowe soko
omah mu.”
Parman :” enek mopo no kok teko karo
nesu-nesu.” Takoke Parman
Jarno :” aku wes ngerti, kowe to
sing njebol tanggul ku.”
Parman
:” maksutmu opo to no, duduk aku sing njebolne tanggul mu,” jawab Parman
Jarno :” halah aku wes gak percoyo
karo kowe.” ( karo ngangkat arite) senen
:”wes no ojo koyok ngene.” Sela Senen
Painem :”enek opo to, sak durunge
nesu-nesu kene tak jelasne sek. Sing njebol
tanggul mu kui uduk Parman yo no, soale aku ngerti dewe pas Parman karo Sawitri gung muleh aku yo jek
enek ning gubuk ku. Dadi iki muk salah
paham.” Terange Painem.
Akhire
jarno lan lian-liane wes percoyo karo Parman.
Sakwise
Jarno nesu-nesu marang Parman , Jarno gan ti nesu-nesu karo mbok Marni amarga
mbok Marni sing nggedek-nggedek ake masalah iku. Jarno ganti marani nang omahe
mbok Marni karo gawa sabit. Ing adoh mbok Marni ngerti yenjarno lagi nesu karo
dewek e. Mbok Marni akhire mlayu mergo wedi karo Jarno. Ing jembatanmbok marni
wes bingung kudu mlayu ning ndi maneh amargo yen di teruske mlayune yo bakal
ketututan , akhire mbok Marni mlompat soko jembatan lan kecemplung ing kali
kang jero, akhire mbok Marni mati lan mayite ora iso di temu ake.
Sakwise
prastawa iku Jarno ngerti yen Parman ora salah. Akhire deweke cepet-cepet
njaluk ngapura marang parman. Parman lan sawitri yaiku wong kang sabar lan
welas asih, dadi kesalahane Jarno bakal di wenehi sapura karo Parman.
Jarno
:” Man aku nyuwun pangapurane ya amarga uwes nuduh kuwe lan bojomu.”
Parman
:” Iyo no aku wes wenehi sepura karo kowe, gak sah di pikir maneh.” Jawab Parman.
Jarno
:” Matursuwun ya man”
Parman
:” Iyo no pada-pada.”
Akhire
desa sak iki wes ayem lan tentrem amarga wong sing gaene gae masalah ning desa
wes ora ana lan mbok Marni oleh asile sing gaene nggedek-nggedek ake masalahe
wong liyo est ora ana. Sak wise mbok Mrni ora ana masalah ing desa dadi kurang.
Para warga nanggepi yen mbok Marni iku pucuk-pucuking masalah ing desane.
~SELESAI~
0 komentar:
Posting Komentar