Senin, 26 Oktober 2015

https:anekdotjawa.com

MBOTEN NGERTOS

Dua perjaka kampung yang tak tau apa-apa merantau ke kota dengan inisial jawa tidak bisa bahasa sumatera, orang sumatra tidak bisa bahasa jawa. Awal cerita :
Mereka bertemu di sebuah kota yang sangat ramai, banyak gedung-gedung bertingkat, mobil mewah, pesawat.
Sumatra   : “Wah, mantab sekali rumah ini, besar bertingkat lagi. Punya siapa rumah ini?” Tanya orang sumatra.
Jawa         : “Mboten ngertos”.
Sumatra   : “Oh... punya mboten ngertos.”
Sumatra melihat mobil-mobil mewah berjejer didepan gedung dan bertanya lagi ke orang jawa.
Sumatra   : “Punya siapa mobil itu?”
Jawa        : “Mboten ngertos.”
Sumatra   : “Hebat bener mboten ngertos ya, kalau begitu aku mau berguru         
         sama mboten ngertos saja.”
Selang beberapa menit kemudian mereka berjalan menuju gang-gang perkotan disana mereka berdua melihat keramaian kumpulan orang banyak
Sumatra   : “Siapa yang mati itu?”
Jawa        : “Mboten Ngertos “.
Sumatra   : “Wah, klau begitu saya ketinggalan mau berguru sama mboten      ngertos .”



1.   Pengertian Anekdot
Anekdot yaiku salah sawijining cerita cekak kang lucu lan menarik, sing mungkin nggambaraken ngenani kedadean tartantu utawa wong sebenere. Anekdot kadang asifat menghibur, nanging anekdot duduk mung suatu lelucon, hal niki amarga tujuan utama anekdot yaiku ora mung mbangkitaken guyune pamaos, nanging kangge ngungkapaken kebenaran kan luih umum ketimbang cerita singkat liane. Anekdot kadang asifat sindiran alami.



2.   Ciri-Ciri Anekdot
Ciri-ciri anekdot yaiku :
  1. Ameh nyerupai koyoto dongeng.
  2. Nyaritakake kewan lang menungsa secara umum lan realistis.
  3. Asifat humor, nyindir, lan lelucon.
  4. Duweni tujuan tartamtu



3.   Kaidah Anekdot
Kaidah anekdot yaiku :
  1. Migunakake pertanyaan retorik.
  2. Migunakake kata keterangan waktu lawas.
  3. Migunakake penghubung.
  4. Migunakake kata kerja.
  5. Migunakake kalimat perintah.
  6. Migunakake kedadean waktu.






4.   Struktur Teks Anekdot
Teks Anekdot duweni 5 struktur, yaiku:
ü  Abstraksi, yaiku bagial awal paragraf kang duweni fungsi menehi ngerti gambaran ngenani isine teks. Biasane ndudohake hal kang unik.
ü  Orientasi, yaiku bagian kang menehi ngerti awal cerita utawa latar belakang prastawa iku kedadean.
ü  Krisis, yaiku bagian kang menehi ngerti hal kang menarik utawa hal kang ora bisa kedadean marang tokoh ing cerita.
ü  Reaksi, yaiku bagian penyelesaian masalahe krisis kang kedadean ing cerita.
ü  Koda, yaiku bagian saka akhir cerita. Bagian iki bisa duweni isi kesimpulane saka cerita.
Kata kunci :
v  Abstraksi  : Pembukaan/gambaran umum
v  Orientasi  : Latar belakang peristiwa
v  Krisis         : Masalah
v  Reaksi       : Penyelesaian masalah
v  Koda          : Kesimpulan



5.   Perbedaan Anekdot, Cerkak, Roman, Artikel lan Biografi
v Anekdot
Anekdot yaiku salah sawijining cerita cekak kang lucu lan menarik, sing mungkin nggambaraken ngenani kedadean tartantu utawa wong sebenere. Anekdot kadang asifat menghibur, nanging anekdot duduk mung suatu lelucon, hal niki amarga tujuan utama anekdot yaiku ora mung mbangkitaken guyune pamaos, nanging kangge ngungkapaken kebenaran kan luih umum ketimbang cerita singkat liane. Anekdot kadang asifat sindiran alami.
v Cerkak
Cerkak yaiku cerita cekak, jenis karya sastra kang maparake kedadean utawa cerita ngenani masalah manungsa lan seluk beluke liwat tulisan cekak. Utawa pengertian cekak kang liyane yaiku karangan fiktif kang isine sebagian cerita kehidupan manungsa utawa uga kehidupan kang diceritakaken secara singkat kang fokus ing sawijining tokoh.

v  Roman
Roman yaiku salah sawijining karya sastra kang disebut fiksi. Kata fiksi niki duweni arti yaiku salah sawijining karya sastra khayalan utawa rekaan. Kata Roman iku asale saka Perancis “Romanz” abad ke-12, lan saka ungkapan bahasa latin yaiku “Lingue Romana”, kang dimaksudaken karya sastra saka golongan rakyat biasa.
v Artikel
Artikel yaiku karya tulis kang lengkap, contone esai ing majalah utawa laporan berita, surat kabar, lan sak piturute.
v Biografi
Biografi asale saka basa Yunani, Bios kang duweni arti urip lan Graphien kang artine tulis. Biografi yaiku salah sawijining tulisan kang ngrembug ngenani kehidupane manungsa. Sederhanane Biografi bisa diartekne riwayat hidupe wong liya.

Kamis, 22 Oktober 2015


FITNAH
            Awan iku hawane panas banget. Pak tani lan bu tani pada leren ing gubuke dewe-dewe. Yen di delok hawane mengko sore bakal udan deres. Pak tani lan bu tani pada cepet-cepet metu saka gubuke dewe-dewe lan ngerjakne tugase dewe-dewe. Amarga yen dituruti nganti iyupe panas maka pak tani lan bu tani ora bakal nyambut gawe, amerga sakwise panas iki bakal kedadean udan.
            Pak tani : “ buk ayok ngiyup sek panas banter tenan ki” ngendikane pak tani
            Bu tani  : “yo pak aku dewe yo panasen ket mau “ jawab bu tani
Pas lagi penak-penak leren bu tani ngingeti langit sing kyok e arep udan deres.
            Bu tani  : “ pak....pak..koyok e kok arek udan. Ndang ayok cepet mergawe ngko selak udane njeblok.
            Pak tani : “ o...? iyo bu ndang ayo.”
            Suara azan sampun mireng  ing kupinge para pak tani lan bu tani, iku tandane wis jam 12 awan. Salah sak wijineng pak tani lan bu tani  iku yaiku pasangan garwa Parman lan Sawitri, para pak tani lan bu tani liane sampun muleh ning omahe dewe-dewe lan leren ing omah nanging Parman lan Sawitri mileh leren ning gubuk kang cilik nanging hawane seger banget.
            Pancen bener angen-angene para tani mau yen bakal udan deres. Udan deres kedadean lan terange suwin banget, bledek nyamber-nyamber ing wit-witan kang duwur. Parman lan Sawitri bingung lan wedi banget , deweke wedi yen gubuke ambruk utawa di samber bledek, nangeng deweke sampun ora bisa tumindak napa-napa amarga  udan deres mau yo campur karo angin ingkang gede. Parman lan Sawitri trimo iso pasrah marang takdire kang Maha Kuasa.
Sawitri :” pie pak iki  ngko nak gubuk e ambruk kok udane gak ndang terang-terang.” Omonge Sawitri    
Parman :” wes bu mugo-mugo udan ndang terang, awake dewe pasrah ae karo sing Kuasa.”               Jawabe Parman                     
Sawitri :” iyo pak mugo-mugo udane ndang cepet terang.” Tambah Sawitri
Udan deres lan siwi mau ndadeake sawijining bencana yaiku banjir kang lumayan gede. Salah sawijining tanggule pak tani kang sawahe ana ing ngisore sawahe parman lan Sawtri jebol, tanduran pada rusak kabeh. Ana sekitar 8 sawah kang kena dampake jebole tanggul mau. Wolong sawah mau nduwene wong papat yaikunParto, Jarno, Paimen, lan senen. Sakwise udan deres mau Parman lan Sawitri mulih lan ngomongi wong papat mau yen tandurane kebanjiran. Wong papat mau pada kaget, ana sing nangis lan ana sing semaput.
            Parman :” ayo buk awake dewe ngomongi wong-wong. Awake dewe nko mencar ya, kowe nko ngomongi ngomongi Parto lan Jarno nko sing 2 tak aku sing ngabari.”
            Sawitri :” yo wes pak ngunu yow malah apik,”
        Akhire wong loro mau pada mencar ngabari won-wong sing sawahe kenek bencana.
            Ing desane Parman lan Sawitri mau ana wong sing gaene nggedek-ngedek ake masalah, jenenge mbok Marni. Ing tahun wingi ana pasngan garwo kang lagi due masalah , mbok marni nggedek-nggedek ake masalah mau nganti pasangan mau pisah lan salah sawijining ngendat. Mbok marnikrungu yen tanggule Jarno jebol lan gawe sawahe Parto, Paimen, lan Senen rusak. Deweke yo ngerti yen Parman Sawitri ngerti kedadean jebole tanggul mau. Mbok Marni gage-gage gawe rencana kang bisa gawe Parman lan Sawitri dadi penyebab jebole tanggul mau. Mbok Marni iku gelo banget karo Parman lan Sawitri amarga tandurane wong loro kui mesti apik lan asile yo akeh bedo karo tandurane deweke.
            Isuk-isuk mbok Marni sampun ana ing omahe Jarno. Mbok Marni ngujuk-ngujuki Jarno yen sing njebol tanggule iku mau Parman. Amarga ing kedadean iku Parman lan Sawitri isih ana ning sawah. Mbok Marni nuduh yen Parman lan Sawitri iku iri yen ngingeti tandura ne Jarno kang lemu. Deweke yo ngujuk-ngujuki yen Parman lanSawitri ora pengen enek wong sing tandurane luwih apik lan asile luwih akeh soko asile Parman lan Sawitri. Jarno,Parto, lan Senen percaya marang mbok Marni.
            Mbok Marni :”jar...jarno kyok e sing njebolne tanggulmu kuwi Parman.”
            Jarno             :”la kowe ngerti soko ndi mbok, ojo angger ngomong kuwi jenenge                                         fitnah.”
            Mbok Marni :”soale ndek ingi sing muleh keri dewe Parman lan Sawitri. Mergo                                            tanduranmu apik ndek e moh nduwe saingan dadine njebolne tanggul                                   mu ben tanduranmu rusak. Akhire kan sak iki wonge wes gak nduwe                                saingan neh.”
            Jarno             :” opo iyo ya mbok.”
            Mbok Marni :”yo mestine “
            Sak wise di ujuk-ujuki mau Jarno, Parto, Paimen, lan Senen moro ning omahe Parman lan Sawitri.
Deweke nesu-nesu lan nuduh yen Parman sing njebol tanggule. Deweke njaluk ganti rugi ning Parman lan Sawitri. Parman lan Sawitri bingung amarga di tuduh mau. Jarno terus nesu-nesu lan nganti arep mbacok Parman, nanging untunge isih di alang-alangi karo Senen. Soko lawang njudul Painem. Painem ngerti yen Parman ora njebol tanggule. Pas jebole tanggul mau Painem isih ana ing gubuk. Painem njelaske kedadean kang sak benere. Painem yaiku wong kang paling jujur ing desane. Sahinggo Jarno, Parto, Paimen, lan Senen percaya.
            Jarno :” man parman metu kowe soko omah mu.”
            Parman :” enek mopo no kok teko karo nesu-nesu.” Takoke Parman
            Jarno :” aku wes ngerti, kowe to sing njebol tanggul ku.”
                        Parman :” maksutmu opo to no, duduk aku sing njebolne tanggul mu,” jawab Parman                                      
            Jarno :” halah aku wes gak percoyo karo kowe.” ( karo ngangkat arite)                                  senen :”wes no ojo koyok ngene.” Sela Senen
            Painem :”enek opo to, sak durunge nesu-nesu kene tak jelasne sek. Sing njebol                                 tanggul mu kui uduk Parman yo no, soale aku ngerti dewe pas Parman karo              Sawitri gung muleh aku yo jek enek ning gubuk ku. Dadi iki muk salah                            paham.” Terange Painem.
Akhire jarno lan lian-liane wes percoyo karo Parman.
Sakwise Jarno nesu-nesu marang Parman , Jarno gan ti nesu-nesu karo mbok Marni amarga mbok Marni sing nggedek-nggedek ake masalah iku. Jarno ganti marani nang omahe mbok Marni karo gawa sabit. Ing adoh mbok Marni ngerti yenjarno lagi nesu karo dewek e. Mbok Marni akhire mlayu mergo wedi karo Jarno. Ing jembatanmbok marni wes bingung kudu mlayu ning ndi maneh amargo yen di teruske mlayune yo bakal ketututan , akhire mbok Marni mlompat soko jembatan lan kecemplung ing kali kang jero, akhire mbok Marni mati lan mayite ora iso di temu ake.
Sakwise prastawa iku Jarno ngerti yen Parman ora salah. Akhire deweke cepet-cepet njaluk ngapura marang parman. Parman lan sawitri yaiku wong kang sabar lan welas asih, dadi kesalahane Jarno bakal di wenehi sapura karo Parman.
Jarno :” Man aku nyuwun pangapurane ya amarga uwes nuduh kuwe lan bojomu.”
Parman :” Iyo no aku wes wenehi sepura karo kowe, gak sah di pikir maneh.” Jawab                           Parman.
Jarno :” Matursuwun ya man”
Parman :” Iyo no pada-pada.”
            Akhire desa sak iki wes ayem lan tentrem amarga wong sing gaene gae masalah ning desa wes ora ana lan mbok Marni oleh asile sing gaene nggedek-nggedek ake masalahe wong liyo est ora ana. Sak wise mbok Mrni ora ana masalah ing desa dadi kurang. Para warga nanggepi yen mbok Marni iku pucuk-pucuking masalah ing desane.

~SELESAI~

 

© 2013 udaya. All rights resevered. Designed by Templateism

Back To Top